soale dioloki bae MENDING BAE wong sekolah tah nengan.
Arep memiangan sing adoh-adoh alias jalan² amber ora keder ya ana maning sing ngoloki, MENDING BAE wong sugih duit tah memiangan bae nengan.
Mundak lagi Smp lagi zamane Seneng - senenge ning Anjas (sanja) , Wis Ora heran baka akeh sing moyoki gah MENDING BAE nengan Wong payu tah sanja.
Wis telung tahun smp terus manjing ning smk Astaga Apan Nemuni Batur Wadon bae gah Nggo Ngerjakna Tugas ya ana bae sg moyoki, MENDING BAE wong enom tah Ketemuan nengan.
Sampe sekien Omongan MENDING BAE dadi pikiran lan rasa suarane kuh gluwer-gluwer bae ning kuping.
Emang bender jare uwong-uwong Urip iku Kudu Urup".
Ora Krasa Saban dina Guyonan-Guyonan Nglantur Terus sekiene dadi Budaya.
Wong Ning Desa Pemikirane Ebat-Ebat Bisa Ngrubah Kultural Sing sedurung-durunge, Kadang Bahasane bae gah wis Sejen-sejen.
Ning Desa Kana-Kana ngarani Gorengan tahu isi bae macem-macem Ana sing brontak, Ana Sing Salome, dll
Emang kien sing diarani beda aran namun tetep bae panganan siji kuen.
Iya Muga-Mugi bae bisa Akur tangga batur lan sedulur, bagena beda pikiran gah tetep siji Menusa sing dueni akal lan ati.
